LEMBAGA
PENDIDIKAN
MADRASAH
DINNIYAH AWALIYAH
ROUDLOTUL
'ULUM
Alamat :
Mranggen, selomoyo, Kliangkrik, Magelang.
Kumpulan Do’a-Do’a
1.
Menawi kulo bade mbucal kotoran kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اِنِي اَعُوذُبِكَ مِنَ الخُبُثِ وَالخَبَائِثْ ﴿۞﴾
Ya Allah gusti kulo nyuwun pangrekso
dateng panjenengan saking godane setan lanang lan setan wadon
2.
Menawi kulo bade sesuci kulo ndongo:
اَلَلهُمَ طَهِرْ قَلْبِي مِنَ النِفَاقِ
وَحَصِنْ فَرْجِي مِنَ الفَوَاحِشْ ﴿۞﴾
Ya allah gusti mugi nucekaken tuan
ing penggalih kulo sangking sifat munafek lan mugi ngrekso tuan ing farji kulo
saking pendamelan ingkang awon lan saru
3.
Menawi kulo sampun lebaran kulo ndongo:
غُفْرَانَكَ اَلحَمْدُ للهِ الَذِي
أَذْهَبَ عَنِى الاَذَى وَعَافَنِي ﴿۞﴾
Moho pengapuro tuan sedoyo puji kagunganipun
Allah dzat ingkang sampun ngicali saking kulo ing rereget lang ingkang
marasaken dateng kula
4.
Menawi kulo badhe ngumbah epek-epek kalih kulo ndongo:
اَلَلهُمَ احْفَظْ يَدِي مِنْ
مَعَاصِيكَ كُلِهَا ﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi grekso tuan ing
tangan kalih kulo sangking sedayane ma’siat
5.
Menawi kulo badhe kekemu kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَعِنِي عَلََى ذِكْرِكَ
وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكْ ﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi nulungi tuan ing
kulo ing iling ing tuang lan syukur ing tuan lan ngibadah dateng tuan
6.
Menawi kulo ngisep tuyo grono badhe kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَرِحْنِي رَائِحَةَ الجَنَهْ
﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi ngambetaken tuan
ing kulo ing ambete suargo
Lajeng
kulo niat wudlu
نَوَيْتُ الوُضُوْءَ لِرَفْعِ الحَدَثِ
الأَصْغَارِ فَرْضًا للهِ تَعَلى
Niat ingsun wudlu krono angilangaken
khukume khadast kang cilik fardlu krono nderek dawuhe kusti Allah ta’ala
7.
Menawi kulo badhe ngumbah rahi kulo ndongo:
اَلَلهُمَ بَيِضْ وَجْهِي يَوْمَ
تَبْيَضُ وُجُوهُ اَوْلِيَاِئكْ وَلَا تَسْوَدُ يَوْمَ تَسْوَدُ وُجُوهُ
اَعْدَائِكْ ﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi mutihaken tuan
ing rahi kulo ing dintenipun panjenengan mutihaken dateng kekasih-kekasih tuan,
lan ampun ngirengaken tuan ing rahi kulo ing dintenipun panjenengan ngirengaken
dateng rahine mensah-mensah tuan.
8.
Menawi kulo badhe mbasuh asto ingkan tengan
kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَعْطِنِي كِتَابِي بِِيَمِينِي
وَحَاسِبْنِي حِسَابًا يَسِيْرَا ﴿۞﴾
Ya Allah
gusti mugi marengaken tuan ing kitab kulo kanthi asta tengen kulo lan mugi
ngetang tuan ing kulo ing itangan ingkang gampil.
9.
Menawi kulo badhe masuh tangn ingkang kiwi kulo ndongo:
اَلَلهُمَ لَاتُعْطِنِي كِتَابِي بِشِمَالِي
وَلَا مِنْ وَرَاءِ الظَهْرِي ﴿۞﴾
Ya Allah gusti ampun marengaken tuan
ing kitab kulo kanthi tangan kiwi kulo atawi sangking buri geger kulo.
10.
Menawi kulo badhe ngusap sirah kulo ndongo:
اَلَلهُمَ حَرِمْ شَعْرِي وَبَشَرِي عَلَى
النَارْ ﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi ngaromaken tuan
ing rambut kulo lan kulit kulo ingatase neroko.
11.
Menawi kulo badhe ngumbah talingan kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اجْعَلْنِي مِنْ مَنْ يَسْتَمِعُوْنَ
القَوْلَ فَيَتَبِعُوْنَ اَحْسَنَهْ ﴿۞﴾
Ya Allah gusti mugi ndadosaken tuan
ing kulo saking tiyang ingkang mirengaken pangandikan lan nderek sahe-sahene
pangandikan.
12.
Menawi kulo badhengumbah dlamaan kalih kulo ndongo:
اَلَلهُمَ ثَبِتْ قَدَمِيْ عَلَى الصِرَاطِ
يَوْمَ تَزِلُ فِيْهِ الاَقْدَامْ ﴿۞﴾
Ya
Allah gusti mugi netepaken tuan ing dlamaan kalih kulo ingatase wot shirotol
mustaqim ing dintenipun keplesete pinten-pinten dlamaan.