Senin, 22 Desember 2014

KUMPULAN DOA-DOA WUDHU BAHASA JAWA UNTUK ANAK-ANAK

LEMBAGA PENDIDIKAN
MADRASAH DINNIYAH AWALIYAH
ROUDLOTUL 'ULUM
Alamat : Mranggen, selomoyo, Kliangkrik, Magelang.
 



Kumpulan Do’a-Do’a

1. Menawi kulo bade mbucal kotoran kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اِنِي اَعُوذُبِكَ مِنَ الخُبُثِ وَالخَبَائِثْ ﴿۞
Ya Allah gusti kulo nyuwun pangrekso dateng panjenengan saking godane setan lanang lan setan wadon
2. Menawi kulo bade sesuci kulo ndongo:
اَلَلهُمَ طَهِرْ قَلْبِي مِنَ النِفَاقِ وَحَصِنْ فَرْجِي مِنَ الفَوَاحِشْ ﴿۞
Ya allah gusti mugi nucekaken tuan ing penggalih kulo sangking sifat munafek lan mugi ngrekso tuan ing farji kulo saking pendamelan ingkang awon lan saru
3. Menawi kulo sampun lebaran  kulo ndongo:
غُفْرَانَكَ اَلحَمْدُ للهِ الَذِي أَذْهَبَ عَنِى الاَذَى وَعَافَنِي ﴿۞
Moho pengapuro tuan sedoyo puji kagunganipun Allah dzat ingkang sampun ngicali saking kulo ing rereget lang ingkang marasaken dateng kula
4. Menawi kulo badhe ngumbah epek-epek kalih kulo ndongo:
اَلَلهُمَ احْفَظْ يَدِي مِنْ مَعَاصِيكَ كُلِهَا ﴿۞
Ya Allah gusti mugi grekso tuan ing tangan kalih kulo sangking sedayane ma’siat
5. Menawi kulo badhe kekemu kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَعِنِي عَلََى ذِكْرِكَ وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكْ ﴿۞
Ya Allah gusti mugi nulungi tuan ing kulo ing iling ing tuang lan syukur ing tuan lan ngibadah dateng tuan
6. Menawi kulo ngisep tuyo grono badhe kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَرِحْنِي رَائِحَةَ الجَنَهْ ﴿۞
Ya Allah gusti mugi ngambetaken tuan ing kulo ing ambete suargo
Lajeng kulo niat wudlu
نَوَيْتُ الوُضُوْءَ لِرَفْعِ الحَدَثِ الأَصْغَارِ فَرْضًا للهِ تَعَلى
  Niat ingsun wudlu krono angilangaken khukume khadast kang cilik fardlu krono nderek dawuhe kusti Allah ta’ala
7. Menawi kulo badhe ngumbah rahi kulo ndongo:
اَلَلهُمَ بَيِضْ وَجْهِي يَوْمَ تَبْيَضُ وُجُوهُ اَوْلِيَاِئكْ وَلَا تَسْوَدُ يَوْمَ تَسْوَدُ وُجُوهُ اَعْدَائِكْ ﴿۞
Ya Allah gusti mugi mutihaken tuan ing rahi kulo ing dintenipun panjenengan mutihaken dateng kekasih-kekasih tuan, lan ampun ngirengaken tuan ing rahi kulo ing dintenipun panjenengan ngirengaken dateng rahine mensah-mensah tuan.
8. Menawi kulo badhe mbasuh asto ingkan tengan kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اَعْطِنِي كِتَابِي بِِيَمِينِي وَحَاسِبْنِي حِسَابًا يَسِيْرَا ﴿۞
Ya Allah gusti mugi marengaken tuan ing kitab kulo kanthi asta tengen kulo lan mugi ngetang tuan ing kulo ing itangan ingkang gampil.
9. Menawi kulo badhe masuh tangn ingkang kiwi kulo ndongo:
اَلَلهُمَ لَاتُعْطِنِي كِتَابِي بِشِمَالِي وَلَا مِنْ وَرَاءِ الظَهْرِي ﴿۞
Ya Allah gusti ampun marengaken tuan ing kitab kulo kanthi tangan kiwi kulo atawi sangking buri geger kulo.
10. Menawi kulo badhe ngusap sirah kulo ndongo:
اَلَلهُمَ حَرِمْ شَعْرِي وَبَشَرِي عَلَى النَارْ ﴿۞
Ya Allah gusti mugi ngaromaken tuan ing rambut kulo lan kulit kulo ingatase neroko.
11. Menawi kulo badhe ngumbah talingan kulo ndongo:
اَلَلهُمَ اجْعَلْنِي مِنْ مَنْ يَسْتَمِعُوْنَ القَوْلَ فَيَتَبِعُوْنَ اَحْسَنَهْ ﴿۞
Ya Allah gusti mugi ndadosaken tuan ing kulo saking tiyang ingkang mirengaken pangandikan lan nderek sahe-sahene pangandikan.
12. Menawi kulo badhengumbah dlamaan kalih kulo ndongo:
اَلَلهُمَ ثَبِتْ قَدَمِيْ عَلَى الصِرَاطِ يَوْمَ تَزِلُ فِيْهِ الاَقْدَامْ ﴿۞

Horizontal Scroll:  Ya Allah gusti mugi netepaken tuan ing dlamaan kalih kulo ingatase wot shirotol mustaqim ing dintenipun keplesete pinten-pinten dlamaan.

0 komentar:

Posting Komentar