LEMBAGA PENDIDIKAN PONDOK-PESANTREN
MADRASAH
DINNIYAH AWALIYAH
ROUDLOTUL 'ULUM
Alamat : Mranggen, Selomoyo, Kaliangkrik,
Magelang.

( RUKUN IMAN )
Eleng-eleng
rukun iman nem wernane
Engkang
awal ngimanake pengerane
Gusti
Allah ingkang moho luhur dewe
Bumi langit gusti Allah engkang
nggawe
Gusti
Allah moho agung wijaksono
Moho kuwoso
sarto moho sampurno
Kaping
pindo iman ing poro moloikat
Mahluq ingkang moho mulyo nduwe
pangkat
Ora tau sare
ngunjuk lan daharan
Ora tau
maksiat nerjang larangan
Peng
telune iman kitabe pengeran
Isi pirang-pirang dawuh peraturan
Ngatur
tindak lakune poro manungso
Supayane
ora podo laku doso
Kitab
Taurat kitab Qur'an Injil Zabur
Iku kabeh sangking zat kang moho
luhur
Peng
papate iman ing poro utusan
Dipon
utus nuntun marang kebagusan
Wajib
ngerti wilangan rosul selawe
Kanjeng nabi Muhammad kang ahir dewe
Adam
Idris Nuh Hud Sholeh Zakaria
Ibrahim
Isma'il Ishak Yasak Yahya
Yakqub
Yusuf Ayub Suaib Harun Musa
Dawut Sulaiman Ilyas Yunus lan Isa
Luth
Zulkifli nabi Muhammad pungkasan
Ingkang
dados gustine poro utusan
Kapeng
limo percoyo dino kiamat
Dino akhir piwalese poro umat
Dino
kiamat iku dino pekewoh
Susah
banget wongkang nulayani dawuh
Kiamat
iku dino kang nggegirisi
Langit bentet lintang goggrok aneng
bumi
Samudranene
muncrat mumbul dadi siji
Gunung
hancur lebur bumine diganti
Srengengene
tikel pitong puluh panase
Nganti mumetake sirah lan uteke
Nerakane
ngoyak terus nang kanane
Zabaniah
nggowo blenggu sak rantene
Wongkang
iman bakal nompo ing ganjaran
Wongkang ora iman bakal kasengsaran
Peng
neneme iman pesten becek olo
Kabeh
sangking Allah ojo do nggersulo
Sugeh
fekir asor mulyo loro waras
Iku kabeh sangking zat kang moho
welas
0 komentar:
Posting Komentar